Sambutan Shahibul Bait


Sambutan Shahibul Hajah
adriyanto
السلام عليكم ورحمة الله وبركاتة
أعوذ بالله من الشيطان الرجيم بسم الله الرحمن الرحيم الحمد لله المفرّج للكرب عقب شدّة المنجي لخلص عباده من غياهب الظلم. والصلاة والسلام على سيّدنا محمّد سيّد الأنام. وعلى آله وصحبه الكرام. قال الله تعالى في كتابه الكريم:    . أما بعد.
Dumateng Poro alim ulama, ingkang tansah sinanding wahyuning ilahi ingkang dahat kinurmatan
Wabil khusus romo kyai H. Muslikhun, ingkang kulo alap ilmu barokah ipun
Dumateng kepala desa Tepakyang lan perangkatipun ingkang minulyo
Dumateng poro rawuh sedoyo ingkang dipun mulyaaken Allah Swt
Kito sedoyo tiap dinten tiap menit, tiap detik satuhu tansah pinaringan ni’mat, taufik, hidayah soho inayahipun Allah Swt. Pramilo saking meniko monggo kito sareng-sareng ningkataken raos syukur sak katah-katahipun dateng Allah Swt, kerono saking pitulanganipun Allah Swt, kito saget makempal wonten majlis ingkang berkah meniko. Mugi-mugi kanti raos syukur meniko Allah paring kito sedoyo, punopo ingkang dados hajat kito. Amin………
Nabiyullah Muhammad Saw kalebet salah setunggalipun tiang pilihan ingkang dados utusanipun Allah Swt, kangge nyelametaken umat menungso saking kejahiliahan, kesesatan tumuju margi ingkang dipun ridhoi dateng Allah Swt, kanthi meniko monggo kito sareng-sareng maos shalawat bikaulina ….. mugi-mugi kanti shalawat meniko kito angsal syafa’at wonten dunyo akhirat amin..........
Hadirin hadirot ingkang dipun mulyaaken Allah.
Bilih wonten saat meniko, wonten mriki kulo ngadeg ngayer wonter ngarsanipun panjenengan sedoyo, Sepindah, ngaturaken raos matur nuwun ingkang kathah atas kerawuhanipun panjenengan sedoyo, ingkang sampun nyempataken wedal kagem ngerawuhi undangan sohibul hajah sekeluargo dalam rangka acara walimatul khitan lan aqiqohipun rayi Anwar Hidayat, soho khotmil qur’an, soho matur suwun dateng hadirin hadirot, sederek ingkang sampun biwantu. Mboten sanes shahibul hajah sekelurgo nuwun tabahe doa pangestu dumateng poro rawuh sedoyo, mugi-mugi rayi Anwar Hidayat dados lare ingkang shalih, tha’at dateng Allah Swt lan rosulipun Saw, soho ngabekti marang tiang sepah, saget manggul nduwur mendem jero. Soho nuwun tambahe doa mugi-mugi putro-putronipun bapak imam mawardi anggenipun ngunduh ilmu khususe ilmu agama angsal ilmu ingkang manfaat berkah dunyo akhirat amin............
Kaping kalihipun, shaohibul hajah sa keluargo numun agunging pangapunten mbok bilih rayi anwar hidayat anggenipun khataman katah kesalahan tajwid, mahkroj soho adabipun. Amargi rayi anwar sa rencang gih tesih tahap belajar utawi tesih tarbiyah.
Kaping tigonipun, shahibul hajah sakeluargo nuwun agunging pangapunten mbok bilih saking papan panggenan, sambutan-sambutanipun dateng sedoyo poro rawuh utawi pasugatan kathah kekiranganipun, kelepatanipun ingkang kirang nyekecaaken dateng penggalih panjenengan sedoyo, kanthi meniko kulo suwun kanthi sanget pangapuntenpun soho nyuwun maklumpun panjenengan sedoyo.
Sepindah malih,shohibul hajah sakeluargo matur nuwun ingkang kathah, mboten saget mbales punopo-punopo ingkang dados bantuanipun, anamung dongaaken
جزاكم الله خير الجزاء وبارك الله لكم
Mugi-mugi Allah mbales ingkang langkung sae dating panjenengan sedoyo, soho mugi-mugi Allah paring barokah dateng panjenengan sedoyo.Amin………..
Soho agunging panuwun ingkang mawantu-mawantu, mugi-mugi poro rawuh sedoyo angsal ilmu ingkang manfaat, berkah, jembar lan berkah rejekinipun, soho selamet dunyo akhirat. Amin ...........
Hadirin hadirot ingkang dipun mulyaaken Allah.
Sedoyo kekirangan kelepatan ingkang mboten mraneni dateng penggalih panjenengan sedoyo, saking priubadi kulo nuwun agunging pangapunten ingkang sak kathah kathahipun- cukup semanten saking kulo. . . Akhirul kalam
وبالله التوفيق والهداية والسلام عليكم ورحمة الله وبركاتة
sambutan dibuat dalam rangka khitan anwar hidayat
adikku yang manis, 19 juni 2008.